KETHU
(Swara gamelan rancak
ngiringi Besut mbeso,nang tengahe panggung. Musik mandheg,Besut monolog)
BESUT : Assalamu’alaikum dhereeeek..
Eee
loo...Besut uluk salam kok sing ngarep-ngarep iki gak jawab see.
Se,tak
balenane. Assalamu’alaikum dhereek...
BESUT : Lha yoh ngunu,lego atiku.
Ana paribasan
rekk..
gerdhu papak
parimono,ngalor sithik dalane sepur.
Nek
gak tepak benakno,lah nek wis tepak yo muji syukur. La ngunu aaa reekk..
PEMUSIK 1 : Iya Sut...
PEMUSIK 2 : Sut... Sut...
BESUT :
Hemmm..
PEMUSIK 2 : Sut...
BESUT :
Ana apa..?
PEMUSIK
2 : Mlaku-mlaku nang pasar krempyeng.
Onok opo
se Sut...gak onok angin gak onok udan koen kok ketok seneng.
Oleh
jatah konsumsi dobel tah Sut..
BESUT :
Eloh..sembrono.
PEMUSIK 2 : Loh...aku lak mung takon se Sut...Koen oleh jatah dobel ta
gak..?
BESUT :
Ngenyek...lah wong aku mung embuh ping
telu kok.
PEMUSIK 3 : Lahhhhhhhh...layak onok sing keduman rempeyek thok.
BESUT : Wis..wis mbok ojo
digedhek-gedhekna..aku lak yo isin se...
Sakjane
aku seneng iki merga janjian ambek kanca akrabku.
PEMUSIK 4 : Kanca akrab sopo Sut..?
BESUT :
Ya Rusmini se..
PEMUSIK 5 : Rusmini sopo Sut..?
BESUT : Asthagfirulloh hal adzim...Rusmini
sing uuuuuuuuuuuuayu iku loh.
Aku
semayan sinau bareng nang kantin ngarepe kelas..Koyok lagune Iwan Fals.
(Besut nyopot kethune,diseleh
nang dhuwur trap. Besut mlaku nyedak penonton,nyanyi lagune Iwan Fals karo
nggaya koyok penyanyi india)
Didepan kantin kelasku
Disana dik Rusmini
sedang menunggu
Usai dentang bel sekolah
Aku nikmati berdua
(Besut mlaku saya nyedaki
penonton,lungguh kaya wong nglamun)
BESUT :
Rus......Rusmini......Rus....
(Pas Besut nglamun,ana
pawongan kemulan sarung,mlaku kalem-kalem njupuk kethune Besut,banjur mblayu
metu)
BESUT : Loh...nang endhi kethuku.
Mak...kethune
Besut ilang mak...dudu Besut maneh nek ora nganggo kethu.
Awan
bengi gak bakalan aku iso turu. Sopo sing tego nyolong kethuku.
(Musik sedih nggrayap mecahne
batin,Besut saya sedih.Teka adoh,silir-silir swara Rusmini nyeluk-nyeluk Besut.
Besut saya bingung,ngusap eluh mripate kuwatir Rusmini ngerteni)
RUSMINI :
Cak.....Cak Besut.....Cak..
(Rusmini nyawang Besut lungguh
nyingkur)
RUSMINI :
Oh..lah iki opo arek’e. Dienteni nang kantin gak teka-teka.
BESUT :
(Meneng nahan tangise)
RUSMINI : Wingi pena dheweke sing ngajak ketemuan
nang kantin janjine arep ngulangi
nggarap
tugas sekolah. Tibake...huh..endi janjimu cak.
BESUT :
(Nangis sengguk-sengguk) Rus...nang kantin ae
yo,aku karo tukokno es teh.
RUSMINI :
Es,the...es teh...yo, sampek tehler aku ngenteni.
BESUT :
(Nangis kalem)
RUSMINI :
Lo...cak..lah lapo sampean sing nangis,mesthine aku sing nangis se..cak Besut.
BESUT :
(Nangis swarane tambah banter)
RUSMINI :
Loh...loh.. kok tangise tambah ngegas. Wis cak,aku gak muring-muring.
BESUT :
(Nangis Banter)
RUSMINI : Cak...cak Besut...cup-cup aja
nangis,aku njalok sepuro nek ngomong kasar nang
sampean
cak.
BESUT :
Aku sing luput Rus...gak ngugemi janji. Iki kabeh gara-gara.....
RUSMINI :
Gara-gara opo cak Besut..?
BESUT :
Gara-gara...
RUSMINI :
Opo cak..?
BESUT :
(Ambekan gedhe)
(Musik mengalun)
RUSMINI :
Oh cak Besut,cak...kenek opo sampean gak teko.
BESUT :
Anane aku gak teko Rus,merga atiku nelangsa.
RUSMINI :
Oh cak Besut,cak kenek opo sampean kok nelangsa.
BESUT :
Anane aku nelangsa Rus,amarga kethuku gak onok.
(Musik mandheg,Rusmini kaget)
RUSMINI :
Loh...kethu sampean gak onok,sampean deleh nang endhi cak..?
BESUT :
Kethuku ilang Rus...
RUSMINI :
Ilang cak ? (Kaget)
BESUT :
Iyo Rus...dicucuk maling. Mangkane aku sedih.
RUSMINI :
Wah..iki gak iso dijarno.Malinge kudu dicekel.
BESUT :
Piye carane Rus..?
RUSMINI :
(Mikir) nah,carane ngene cak..(mbisiki Besut)
BESUT :
Oke Rus..
(Musik banter,Rusmini mlebu,Besut
ndelik,awake ditutupi kain. Sumo gambar metu ambek joget,atine seneng)
(Musik swarane kalem)
SUMO
GAMBAR : Yess..akhire kethune Besut
ana ing tanganku.
Jarene sapa wae
sing nggawa kethune Besut,bakal dadi pinter.Ha...ha..haaa.
(Musik nanjak banter,Sumo
Gambar joget maneh,tapi musik mandheg ndadag. Sumo Gambar ndelok bekakas sing
ditutupi kain)
SUMO
GAMBAR : Loh...bekakas opo iku..?
Kok
njemunuk putih.Iku wong ta setan..
MUSIK :
Setan...
SUMO
GAMBAR : Alah...ojo medeni tah
rek...kok pikir aku wedi tah..
elek-elek
ngene,nek trimo yo ra mundur.
MUSIK :
Yo mesti ae,lah rupamu luwih elek timbang setane.
(Sumo Gambar menthelengi
bekakas sing ditutupi kain.Sumo Gambar curiga)
SUMO GAMBAR : Wah...nek ndelok njemunuke koyoke setan. Se..tak bukak’e.
(Sumo Gambar mbukak
kain,tibake Besut. Sumo Gambar kaget)
BESUT :
Mo...
SUMO GAMBAR : Loh...koen Sut.
BESUT :
Ngunu tah kelakuanmu Mo...
SUMO
GAMBAR : Cincing-cincing gak wurung
teles,
Yo..tak
akoni aku sing njupuk kethumu.Nek wis eruh arep opo koen..?
BESUT : Loh..nantang koen Mo..
Nginduh gedhang
dithetheli,nek koen nantang yo tak ladeni.
SUMO GAMBAR : Tuku rujak lombok telu,nek arep nyacak tokno kekuatanmu.
(Sumo gambar karo Besut tukaran,Rusmini teka.Sumo Gambar
kisinan terus mlayu)
(Akhire,Besut menang,Besut lan
Sumo gambar moleh nang omahe dewe-dewe.Ing tengah perjalanan, pas Sumo Gambar
ngliwati kali Miren nggunung.Konon kali iku gelek digawe adus bidadari)
SUMO
GAMBAR : (kaget)
Wih..opo iku ? (ngucek-ngucek moto)
ngipi ta gak aku..sopo sing adus iku ?
Ladalah...bidadari
iku..Wah iyo,bidadari iku.
(Sumo Gambar nduwe ide pingin
njupuk sewor bidadari supoyo bidadarine ora iso mbalek lan Sumo Gambar nduwe
niat mamerne nang Besut)
SUMO
GAMBAR : (Mlaku
indik-indik njupuk siwure bidadari)
Wah..kudu pinter-pinter
milih iki.kiro-kiro sing endi yo bidadari sing paling ayu?
(akhire Sumo Gambar njupuk
siwur sing warna abang)
BIDADARI 1 :
Mbak-mbak...iki wis sore mbak,ayo moleh..engkok didukani Bunda Ratu.
BIDADARI 2 : Wah..iyo dek..ayo cepetan..!
BIDADARI 1,3,4,5 : ayo..ayo..(bergegas njupuk siwure dewe-dewe)
BIDADARI 4 : Loh...mbak..sik mbak, mbak..engko
sek mbak..mbak..
BIDADARI 3 : Ono opo ono opo...ayo cepet..selak
sore.
BIDADARI 4 : Mbak..siwurku mbak..ilang..
BIDADARI 2 : La mbok deleh endi to dek..?
BIDADARI 5 : Iyo,mbok deleh endi..?
BIDADARI 4 : Maeng tak deleh kene mbak..kok gak
onok..(bingung)
BIDADARI 2 : Yo wis,ngene ae,sampean tak tinggal
disek yo dek yo..
BIDADARI 1 :
Iyo,amergo iki wis sore mengko raisok mbalek maneh,lek luwih teko jam 5
BIDADARI 4 : La terus..aku piye mbak..?
BIDADARI 2 : Ngene dek,sampean goleki disek..mene
jam 3 tak susul nang kene.
Gak popo to..?
BIDADARI 4 : Iyo wis mbak..aku rapopo.
(Soundtrack : lagu aku
rapopo_jupe)
(Bidadari mbalek nang
kayangan,Bidadari 4 kijenan. Nangis nang pinggir kali. Sumo Gambar marani)
SUMO GAMBAR : (nginceng-nginceng
ra wani ndemok)
BIDADARI 4 : (nangis gak
mandheg-mandheg)
SUMO GAMBAR : Dek..(njawil-njawil)
dek dek..(njawil maneh)..dhekkkk..
BIDADARI 4 : (Kaget)..(tambah
nangis banter)
SUMO GAMBAR : Loh dek..ojo nangis dek.kok tambah banter
sampean.
BIDADARI 4 : Koen iku sopo..? (ngusap banyu moto)
SUMO GAMBAR : Kenalke..
Aku Sumo
gambar widyo kusumo prasetyo minongko mangkubumi kier kier.
Aku
cah paling ngguuuanteng teko pucuk kono sampek pucuk kene.
BIDADARI 4 : Weleh weleh...sampean iku nduwe jeneng kok koyok sepur.
duowo eram.Lha
terus,aku nyeluke sampeyan piye cak..?
SUMO GAMBAR : Sumo Gambar dek..(ambek
mbenakno rambute)
BIDADARI 4 : O...Iyo cak,ono opo sampean mrene ?
SUMO GAMBAR : Loh...la aku ngerti sampean nangis dek..ora
tego aku. Yo tak parani, laopo sampean
nangis..?
BIDADARI 4 : (nangis maneh) cibukku cak...cibukku..ilang.
Aku
raiso muleh nang kayangan,aku ditinggal dulur-dulurku..
SUMO
GAMBAR : Oooo...ngunu.(mbek ngedipi penonton)
yowes,sampean iso manggon nang
gubuk sebelah kunu.
aku tak nggoleki
siwure sampean sing ilang.
BIDADARI 4 : Iyo wes cak..tak enteni nang gubuk iku. Temen yo
cak,temokno siwurku.
SUMO GAMBAR : Tenang dek...ketemu ketemu.
(Sumo gambar mlaku ninggalke
bidadari 4. Ing dalan,Sumo gambar ketemu Besut)
BESUT :
Lho...koen maneh Mo..cik wanine koen ngetok nang ngarepku.
SUMO
GAMBAR : Sek sek..ngene ngene
ngene..kok kebetulan kepethok awakmu Sut..Tenang ae Sut,aku gak bakalan nggarai
Rusmini maneh.Aku wis nduwe sing luwih ayu soko Rusmini.
BESUT : (Ngguyu ngakak). Alah alah Mo...Sumo.
Potonganmu
koyok celeng ae iso oleh arek wedok ayu.
SUMO GAMBAR : Lho..ngece. yowes, mene tak duduhi sampean.
(Isuke,Sumo Gambar ngajak
besut marani bidadari 4)
Sak tekone ing kali.....
BESUT : Hoalah Mo...Sumo..kok kebacute
awakmu ketemuan nang kali.
Kok gak Romantis
blas.
SUMO GAMBAR : Wis wis,menengo koen. Iko lho areke..ayu ya..
BESUT : Wkkkkkk...Ya Allah
Mo..Sumo,wong arek gak kethok praene kok iso
mbok arani ayu. Ayu tekok gigimu
aa..
SUMO GAMBAR : Kandani menengo disek kok..(mbek
kisinan).Ayo diparani.
(Sumo Gambar nyopo Bidadari 4)
SUMO GAMBAR : Dek...dek wingi.
BESUT :
Lo lo lo...kok isok’e mbok celok dek wingi (heran)
SUMO
GAMBAR : Loalah...la ancene aku
ketemune dek wingi ee...gorong sempet takok jenenge.yowes,tak celok dek wingi. (koyok wong goblok)
BIDADARI 4 : Eeee...cak Sumo Gambar,yokpiye cak wes ketemu
siwurku..?
SUMO
GAMBAR : Ngene lo dek,masalahe aku ora
eroh yokpiye bentuke siwure sampean.Wong kabeh yo nduwe siwur dek..
BIDADARI 4 : La terus piye cak..lak yo gak iso mbalek nang kayangan
aku cak.
(Besut langsung nyaut omongan)
BESUT :
Iso dek..sampean iso mbalek nang kayangan. Tapi onok syarate..
BIDADARI 4 : Opo cak..?
BESUT :
Sampean kudu mbukak cadare sampean.
BIDADARI 4 : Emoh cak...aku isin cak..
(Soundtrack : lagu
topeng_peterpan)
(Akhire,Bidadari 4 mbukak
cadare)
Sakwise dibuka....
BESUT,SUMO GAMBAR,BIDADARI 4 : (Podo kagete,podo mencolote)
BESUT :
(Ngguyu ngakak)
SUMO
GAMBAR : (Kisinan,nguncalno
siwure nang bidadari 4)..wes nyoh..tak baleke siwurmu.
....................................................................................................................................................................
![]() | |
YAAAAAAAAAAAA'ËEEEE |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar